You must have JavaScript enabled in order to use this theme. Please enable JavaScript and then reload this page in order to continue.
Loading...
Logo Kalurahan KALIDENGEN
Kalurahan KALIDENGEN

Kap. Temon, Kab. KULON PROGO, Provinsi DI Yogyakarta

URIP IKU KUDU MANFAAT JANGAN MELIHAT KENIKMATAN ORANG LAIN KECEMASAN YANG BERLEBIHAN BISA MENGIKIS KEIMANAN

FESTIVAL KETHOPRAK 2019

Administrator 19 Juli 2019 Dibaca 491 Kali

FESTIVAL KETHOPRAK
Kontingen Kecamatan Temon (Kalidengen)
Lakon "JEJEGING PRANATAN ING PADESAN"
TBK

Dalam rangka memeriahkan festival kethoprak antar kecamatan yang di selenggarakan oleh Pemerintah Kabupaten Kulon Progo melalui dinas kebudayaan Kabupaten Kulon Progo kontingen Kecamatan Temon yang diwakili oleh seniman se Kalidengen menampilkan Lakon "PRANATAN IN PADESAN".

Ki Lurah Suroyudo

          Ana ing Pedukuhan Mudal Siji ana perkoro babagan wates kikis pomahan antaraning keluwargane Pak Gondo karo tanggane, Pak Darso. Wiwitane Pak Gondo tuku omah pomahan di ukur wis pas, durung ono tanggane. Wetoro rong tahun suwene, wetane omah Pak Gondo di gawe omah nang Pak Darso, di ukur, kanyoto lemahe Pak Darso ukurane nabrak mlonjok nang pomahane Pak Gondo, malah-malah septiteng e Pak Gondo mlebu nang pomahane Pak Darso. Par Darso ora trimo, banjur rame antarane Pak Darso, Pak Gondo lan Mbok Warsiyah ( Bojone Pak Gondo ). Mbok Warsiyah ora trimo, banjur di tengahi nang Kamituwo Mertodikromo. Rikolo semono wis padha golong gilit rembuge banjur gawe layang perjanjian ananging Pak Darso iseh durung trimo, banjur munjuk Bapa Bupati. Layang di aturake Ki Lurah Suroyudo, rumongso lingsem Ki Lurah Suroyudo duka, Kamituwo lan Pak Darso banjur sowan ono ing kantor kelurahan Desa Mudal. Ngerti Pak Darso munjuk ono ing Bapa Bupati, Ki Lurah Suroyudo duka nggebrak meja, amargo Pak Darso ngeyel. Basan digebrak mejo, Pak Darso njaluk pangapuro.

Ki Carik

            Ki Lurah rumangsa ora bisa ngrampungke dewe, banjur nganaake pasewagan/rapat. Kabeh pamong diundang, yo Carik, Jogoboyo, Jogotirto, Modin lan Kamituwo. Kabeh disuwuni palaporane. Ki Lurah Suroyudo ngajak rembug bareng-bareng perkoro ruwet rentenge ono ing Desa Mudal murih Desa Mudal bisa guyub rukun, ayom-ayem tentrem.

Kamituwo

            Durung rampung perkoro siji, ono meneh Warga Mudal 2 unjuk atur, ono perkoro banyu kanggo banyoni tandur antarane Bedhor karo Blendus nganti regejekan. Perkoro kasebut ditengai Jogotirto nanging Jogotirto ora bisa ngrampungi banjur di aturke meneh dhateng Ki Lurah Suroyudo. Lurah Suroyudo, ngudo roso, genea ana ing Desa Mudal kadadehan kok ana2 wae.

Banjur teka perkoro maneh putrine Ki Lurah Suroyudo, Genduk Sekar, sesenangan karo Bagus Wijaya, Ki Lurah uwis jodhokake karo salah sak wijining pria.Jebul Bagus Wijaya iku uwis sesrawungan karo Arum yo adike Sekar. Sekar ora trimo yen Bagus Wijaya andum tresno karo Mbakyune.

            Arum banjur matur Ramane. Entuk atur seko Arum, Ki Lurah banjur metu ing taman, wusanane Sekar karo Bagus Wijaya, didukani Ki Lurah Suroyudo, Sekar didhawuhi mlebu Bagus Wijaya ditundung lungo. Duka Ki Lurah Suroyudo durung lerem, ketekan Dono, Warga Pedukuhan Sidatan caos pelaporan dikanthi Carik Dipojoyo yen ono ing Pedukuhan Sidatan kahanane ora tentrem amarga ono warga kang kemalingan ayam lan wedhus. Gandheng Ki Lurah Suroyudo ana jejibahan ana ing Kadipaten perkoro di pasrahke Carik Dipojoyo.

            Carik Dipojoyo dhawuh nungko maling. Ana ing alas, Dono, Kamituwo, lan Jogoboyo menangi pawongan kang nembe mabuk pada dum-duman oleh e le maling ana ing Pedukuhan Sidatan, banjur di rangkul diaturke Ki Lurah Suroyudo. Ki Lurah Suroyudo dhawuh marang Kamituwo Supoyo ngundang nayoko projo Desa Mudal lan para warga kang duwe perkoro banjur Ki Lurah Suroyudo medhar sabda paring sesuluh kanggo warga lan kabeh kang sowan ing kelurahan supados jejege pranatan ing padesan Mudal.

------------------------------------------------------- RAMPUNG --------------------------------------------------------

Instagram

Beri Komentar
Komentar baru terbit setelah disetujui oleh admin
CAPTCHA Image